Uripono Uripmu, Supoyo Biso Urip.
Kontributor : Mukhammad Syafi'i S.pd,
Jurnalterate.com - Dadi wong Urip iku ora usah ndeleng bungkus'e tok nanging ya delengen jerone barang koyok apa ngono, Durung mesti bungkus'e apik jerone padha, semono uga durung mesti bungkus'e elek jerone padha, Koyok ta endog kae bungkus'e katon apik resik ning jerone amis kadhang ya badek barang, bedha lek buah manggis kae katon ireng bungkus'e elek nanging jerone manis...
Mula iku jenenge wong apik ora sangka wujud utawa bungkus'e ning sangka nalare kang tumata manut tinut tatanan tuntunan kanti ikhlas lahir batin nyukuri karo nikmating urip isa mangerteni memahami apa sing kudu ditumindake lelakune, nek jare simbah biyen wong urip iku perlu mengkaji dirine awak'e dewe ora mengkaji wong liyan supaya ngerti lan memahami kekurangane awak'e dewe aja ngunggulake utawa nyombongake, durung mesti rumangsane apik nanging isa2 penilaiane wong liya elek, Sing ati-ati lan setiti aja salah laku isa gela tembe burine..
Urip ning alam donya ora gampang segampang wong ngucap empuk medhuk koyok tela godhog nanging nyereti ngasi pendelikan arep mecicil barang, Ya ngono iku jeneng'e ilat tanpa balung penak ucapane, Eling-eling aja gumun lan aja kagetan karo apa sing mbok deleng utawa sing mbok krunguni nek durung ngerti sak benere apik apa elek, sing ngati-ati ing sesrawungan ora kabeh iku apik kudu bisa murati lelakune, aja gampang kabujuk kang lamis, lisan utawa ucapan iku isa disusun tirik-tirik katon apik sing bisa ndadekake kesan winasis lan pinter mula sing waspada...
Urip ikui akeh sing berkedok dibalik topeng, Katone apik jerone isa elek
Katone elek jerone isa apik, Wujud lan lisan iku isa ngapusi, mula sing setiti sing ati-ati ing urip, ora usah kakehan polah mundak ndadeake salah kaprah ing lekakune...
Nek wonten klenta-klentune ing pangucap kula nyuwun pangapuntene sing katah gih lisan bisa salah ngucap lan anggawe lara atining liyan kula tiang sing tasih katah kekurangane lan kaluputane,Mugi2 sedulur sanak kadang tansah pinaringan segerkuwarasan lan bebungah sedaya keluwarganipun ayem tentrem boten wonten alangan punapa-napa slamet donya akhirat.